AYOTEGAL.COM - Mane' lagi kajogan. Gegara Peni meh sawalan durung katon congore'. Ngomonge' pulkam kur telung dina. Kiye' ngesuk sawalan laka kabare'. Ndadekna Mane' blingsatan keder beleh karuan.Pengin nggawe' opor ayam kayong ora ngeh.Bisa-bisa rasane' menko anta.
" Bocah ka jare telung dina gel nganti meh sawalan durung katon,"; Mane' nggremeng dewek.
''apa betah nang kampunge'ya ? Esih kangen mbokene'?,batin Mane'.
Apa sing digremengi Mane' Bujang ora krungu.Mung Bujang ndeleng Mane' bolak-balik seka mburi maring ngarep kaya ana sing dienteni.
Baca Juga: Tim Dokkes Polres Tegal Cek Kesehatan Petugas Posko Lebaran 2022, Layanan Vaksinasi Masih Buka
Mane' ari lagi ora ngadep lagi ora fokus kasile' mblandrang. Suka ora usah masak sisan. Tuku matengan bae tinggal ngeplok.Tambahan mung wong loroan tok.Lontong kari pesen nang tanggane'. Lawuh kari tuku wong ngadol lawuhan njeprah.Pengin opor ayam, jangan asem apa kluban karo iwak,jangan lodeh kari nuding.
Sawetara sing lagi dirasani,ditunggu kabare" lagi nguplek gawe lontong.Peni klalen karo janjine' maring Mane'. Deweke' asik madahi beras gon godong. Ora krasa meh rampung. Kurang luwih ana rong puluh lontong. Seliyane' kanggo deweke' uga titipan tanggane' ngarep umah.
Manene' pancen sokan nrima pesenan sing sapa bae'. Saben sawalan ana bae tangga teparo pada pesen lontong. Jare lontong gaweane' Manene' rasane' enak tur gurih.Mulane' akeh sing pesen sampe' kadang ora kober. Arep diterima tenaga wis lempoh ora ditrima wong rejeki.
Kuwe biasane' ning lagi rame kaya telung taun kepungkur.Peni esih bisa wira-wiri. Laka Peni Manene" bisa kewalahan,ora sanggup. Tau ana pesenan satus lontong kudu pragat gon bengi sawalan. Sawalan gon kampunge' Peni sependak sawise bada.
Ning dina badane' nang kampunge' Peni malah sepi. Bar sholat ied bubar laka apa-apa. Sing maring sawah sagseg macul ngrampungna gaweane'. Sing dodolan nang pasar mangkat dodolan. Sing tukang cukur mbuka lapak mbokan ana sing cukur. Sing nduwe odong-odong muter mbokan ana wong numpak.
Baca Juga: Layanan Vaksinasi di Posko Lebaran Polres Pemalang Masih Buka hingga OKC 2022 Selesai
Artikel Terkait
CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Gara-Gara Bujang
CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Men Ketemu Bada
CERITA TEGALAN AKHIR PEKAN, Peni olih Pulkam
CERITA TEGALAN Edisi Lebaran 2022, Mane' Badanan